Entri Populer

Minggu, 10 Maret 2013

"KIDUNG DANDHANGGULA"

Dandhanggula

Ana kidung sun angidung wengi,
Bebaratan duk amrem winaca,
Sang Hyang Guru pangadege,
Lumaku Sang Hyang Bayu,
Alambeyan asmara ening,
Ngadeg pangawak teja,
Kang angidung iku,
Yen kinarya angawula,
Myang lelungan Gusti gething dadi asih,
syaitan sato sumimpang.

Sakathahing upas tawa sami,
Lara raga waluya nirmala,
Tulak tanggul kang panggawe,
Duduk padha kawangsul,
Ketawuran sagunging sikir,
Ngadam makdum sadaya,
Datanpa pangrungu,
Pangucap lawan pangrasa,
Myang paningal kang sedya tumeka napai,
Pangreksaning malaikat.

Jabrail ingkang angemongi,
Milanipun ketetepan iman,
Dadi angandel atine,
Ijrail puniku,
Kang rumeksa ing pati urip,
Israil dadi damar,
Padhang jroning kalbu,
Mikail kang asung sandhang,
Lawan pangan enggale katekan kapti,
Sabar lan anarima.

Ya Hu Dhat myang pamujining wengi,
Bale aras sasekane mulya,
Kirun saka tengen nggone,
Wa Nakirun atunggu saka kiwa gadane wesi,
Nulak panggawe ala,
Satru lawan mungsuh,
Pangeret taraju rijal,
Ander-ander kulhu balik kang linuwih,
Ambalik lara raga.

Dudur molo tengayatul kursi,
Lungguh neng atine surat amangam,
Pangeburan lara kabeh,
Usuk-usuk ing luhur,
Ingkang aran wesi ngalarik,
Nenggih Nabi Muhammad,
Kang wekasan iku,
Atunggu ratri lan siyang,
Kibedepan ing tumuwuh pada asih,
Tunduk mendak maring wang.

Satru mungsuh mundur padha wedi,
Pamidhangane baitu’l mukaddas,
Tulak balik pangreksane,
Pan nabi wekasan,
Sabda Nabi Dawud,
Apethak Bagindha Hamzah,
Kinawedèn sato mara padha mati,
Luput ing wisa guna.

Pepayone godhing dhukut langit,
Tali barat kumandhang gunung sèwu,
Jala sutra ing luhur mami,
Kabèh padha rumeksa,
Angadhangi mungsuh,
Anulak panggawe ala,
Lara roga sumingkir langkung anebih,
Kang angring dadi waras.

Gunung sewu dadya pager mami,
Katon murub sakèhing tumingal,
Sirna salwir lara kabèh,
Luput ing tuju teluh,
Taragnyana tenung jalenggi,
Modhong gambar suminggah,
Sri Sadana lulut,
Puniku sih rahmatu’llah,
Rahmah jati jumeneng rahmat jasmani,
Iya sang jati Mulya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar